Eleng
Prambanan
Tak cabut
nganti tekan oyot oyote
Ben gampang
anggonku ngilangke
Ngilangke
tresnamu seng tuwuh neng atiku
Dadi siji
ngoyot neng njero ati ..
Kepengen
nglalekke angele koyo ngene
Esemu mung
tansah ngetotke
Sansoyo ngadohi
malah cedak neng ati
Tresno iki
sansoyo kepati pati..
Mbayang mbayang
naliko tepung sepisan
Tansah
sumandang neng ati ra biso ilang
Neng candi
prambanan cedak patung roro jongrang
Slirahmu
janji,janji sehidup semati..
Gambar godong
waru seng tak ukir neng watu
Durung ilang
koyo tresnaku..